Friday 13 January 2012

Dimas Jlitheng....


Dimasku Dimas jlitheng
Sing Tindak lan lakune anteng
Dasare Priyayi Ageng Pituture sarwo digalih kanthi mateng
Mas picis Rojo Brono ora ndadeke kesengsem
Ugo ora kaweden senadyan ing madyo sing peteng
Keno Diwastani Kadunungan roso linuwih.... 


Sinelak dibukak katon sumurup cahyo awujud mastani kang jumeneng 
Gumebyar gebyar ngebak..i sakabehing jagad Ageng
Tumoto bathiniro kanthi sedeng- ayem lan tentrem
Tan ono brojo kang nedasi
Ora ugo wani nyedak sakabehing, demit, setan, gendruwo priprayangan, tethete'an, ulu-ulu, banaspati


Olah bowo olah roso
Kabeh kadyo banyu segoro kang sumilak sakedep netro 
Yo iki sawujude... badaniro kang alus tan keno kinoyo ngopo....
Kang ora gampang karengkuh amung mergo grenjeting roso tanpo tinoto
Ngertio yen sejatine menungso hamung keno diarani yen wis Manunggale Roso
Yekti manunggal roso karo kang anggraito
Kang angukir rogo lan sukmo
Kang sinebat Kang luwih kawoso
Ananging ojo ugo nduweni roso jobriyo
Yoiku Adigang Adgung Adiguno, sopo siro sopo ingsun......?????
Amargo yen nganti manjing roso bakal biso sirno hamung sakedeping Netro.....


Kaserat dening : Dalem piyambak (Masanto)

No comments:

Post a Comment